Group Information- Members: 118
- Category: Groups
- Founded: Nov 28, 2003
- Language: Indonesian
|
Upcoming calendar upgrade: Yahoo! Groups calendars are being upgraded to a much improved version. You may not have access to the calendar (for up to 24 hours) when this group is upgraded. We sincerely apologize for this inconvenience.
Description
Nang milis iki ora ono moderator ora ono member, moderator kabeh dadi owner. Sing duwe omah ngono wae. Sing duwe omah iki mung kepengin nyepakake papan panggonan kanggo seneng-seneng, gojek, guyon ning sing podho ngertine. Jarene wong tuwek-tuwek, angger wong isih biso gojek iku artine isih ayem lan marem uripe koyo dene 'cemeng' anak kucing sing dolanan buntute embokne kae....
Dadine ya piye kono. Wong jenenge grombolan alamat e-mail kanggo sesrawungan ta ya? Nek sak grombolan ana sing nulis utawa kirim tulisan, tur ora ana sing nggape, harak iku jenenge wong ngalamun, nylemong, nglindur... (Nek nglindur ana sing ngerti malah lucu dhing.... hehehe ning nek nglindur terus njupuk "bodhing" njut ngamuk?.... lha, ciloko)
Memper karo jenenge "KALANGWAN JAWA" iku mawa karep (wuuuik gayane...) group iki nek bisa mung kepengin kanggo hiburan thok. Masiya sing ditulis - umpamane - berita serius ngenani "korupsi" tah "politik" utawa "skandal" koyo kasuse Pak Akbar Tanjung, kudu bisa dirubah ben dadi lucu. Utowo jupuken sing ngguyokake ben biso digeguyu lan gawe guyu bebarangen. Ning ojo cengengesan dhewe nang ngarep monitor, opo maneh lagi dikongkon ambek BOSS. Ciloko mengko. Diarani wong edan, koyok kancaku biyen....
Nek ora bisa nglucu? Ya ra popo. Wong karepe nglucu ning ora lucu rak dadi lucu dhewe tah? Hehehehe... kaya wong nggunung deles nonton dhagelan reog Betawi... masiya sing ndhagel ngotot seru-seruan suwara, wong ndesa maeng tetep ae ngaplo... lha gak eruh artine sing diomongna je. Lucune nggon endi? Yo nang nggon wong sing ngaplo dhewe ning kancane cekakakan iku.
Wis ngono ae, perkenalan saka sing duwe omah. Mangga sing ketarik ya nyemplunga mrene sing sengit ya ndherekaken sugeng lan selamet ae.... Ciaaaaoooo!
Ishigaki Shi, Okinawa, Japan
28 Nopember 2003,
(Lho? lha iya wong tuk ku nulis
nang Jepang, mumpung gratis, je!)
mBah Soeloyo
--------------
Sing duwe milist iki dibantu
ambek liya-liyane....
|
Message History
|
Jan |
Feb |
Mar |
Apr |
May |
Jun |
Jul |
Aug |
Sep |
Oct |
Nov |
Dec |
| 2012 |
6 |
4 |
6 |
3 |
7 |
|
|
|
|
|
|
|
| 2011 |
3 |
|
|
|
|
2 |
6 |
4 |
1 |
|
|
4 |
| 2010 |
5 |
1 |
4 |
1 |
|
|
1 |
2 |
|
8 |
6 |
9 |
| 2009 |
5 |
3 |
2 |
4 |
1 |
|
2 |
1 |
|
6 |
3 |
2 |
| 2008 |
6 |
3 |
2 |
9 |
7 |
3 |
6 |
1 |
|
7 |
1 |
2 |
| 2007 |
|
12 |
2 |
7 |
7 |
5 |
2 |
1 |
12 |
5 |
12 |
20 |
| 2006 |
6 |
5 |
3 |
5 |
9 |
3 |
1 |
4 |
4 |
3 |
6 |
|
| 2005 |
9 |
3 |
2 |
|
4 |
8 |
3 |
13 |
3 |
4 |
3 |
|
| 2004 |
41 |
19 |
39 |
12 |
31 |
68 |
47 |
16 |
20 |
8 |
12 |
11 |
| 2003 |
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
26 |
|
|
Related Link:
http://groups.yahoo.com/group/wjst2001
Post message:
kaljw@yahoogroups.com
Subscribe:
kaljw-subscribe@yahoogroups.com
Unsubscribe:
kaljw-unsubscribe@yahoogroups.com
List owner:
kaljw-owner@yahoogroups.com
|